Bawang Abang Bawang Putih
Jaman biyen, ing sawijine
desa urip sakaluarga yaiku rama, lan cah ayu arane Bawang Putih. Ing desa liya
urip randha sing duwe anak arane Bawang Abang. Sawise biyunge Bawang Putih seda,
ramane Bawang Putih nikah karo biyunge Bawang Abang.
Rama : “Nduk, kenalke iki Bawang Abang lan
ibune kang bakale dadi ibu lan sedulurmu.”
Ibu lan bawang abang :
(salaman karo bawang putih)
Rama : “Apa kuwe setuju yen bapak nikah karo
ibune Bawang Abang?”
Putih : “Nggih Pak, menawi Bapak remen kula
nggih remen.”
Ram : “Matur
nuwun yo, Nduk. Kuwe pancen bocah kang pangerten.”
҉҉҉
Putih : “Bapak
enjang-enjang kok sampun rapi badhe tindak pundi to pak?”
Rama : “Bapak
arep lunga adoh, nduk. Kira-kira 6 sasi. “
Ibu : “iyo nduk, kuwe ana
omah karo ibu lan mbak.”
Rama : “Apik-apik yo, nduk. Aja nakal, aja nyusahno ibu, sing rukun karo mbake.”
Putih : “Nggih, pak.”
Rama : “Mengko yen Bapak mantuk kuwe njaluk ditumbasno opo?”
Abang: “Aku nyuwun ditumbaske klambi anyar, pak. Terus…(mikir),
sepatu anyar lan tas anyar.”
Rama : “Yo, mengko yen bapak mantuk tak tumbaske. Lha kuwe njaluk
opo Bawang Putih?”
Putih : “Mboten usah, pak,. Sing penting bapak kondur kanthi
selamet.”
Rama : “Yo, nduk, dongakke wae.”
҉҉҉
Ibu : “Bawang putih….. kae
latare sapu, omah reged kabeh ora gelem resik-resik. Kae barang klambine
kumbahi ning kali. Wis ndang! aja kesuwen!!!”
Abang : “He’e!!! Wong kok kesed ora gelem lapo-lapo.”
Putih : “Tapi, bu….kula nembe leren, wau sampun masak kaliyan
isah-isah.”
Ibu : “Kuwe wani mbantah
aku!!! Cepet ndang dilakoni!!!”
Putih : “Nggih, bu.”
҉҉҉
(bawang putih ngumbah klambi, klambine keli siji)
Putih : “Lho…iku kan klambine ibu.” (mlayu nututi klambi)
(ngos-ngosan)
Putih : “Duh, piye iki klambine ibu ora ketemu.”
(mulih kanthi putus asa)
҉҉҉
Putih : “Bu, kula…. Kula nyuwun ngapunten… rasukane ibu ingkang
abrit keli wonten kali”
Ibu : “karepmu piye?!!!
Iku kan klambi sing paling dak senengi. Kowe ngerti iku klambi regane pira!!
Bapakmu kerja nganti 6 sasi durung mesthi bisa ngganti klambi iku”
Putih : maaf bu… kula mboten sengaja…
Abang : maaf maaf! terus yen kowe njaluk maaf banjur klambine bisa
mbalik dhewe?
Ibu : wis kana goleki
saiki! Aja balik sedurunge klambi iku ketemu!
(putih mangkat goleki klambi sing keli)
҉҉҉
(ing dalan putih ketemu wong mancing )
Putih : pak punapa panjenengn pirsa rasukan abrit?
Wong mancing :ngapura ne
nduk… aku lagi wae tekan… ora ngerti nek ana klambi abang keli…
Putih: ooh nggih mpun pak… matur suwun…
Wong mancing : yo nduk…
(banjur ketemu wong ngadusi kebo)
Putih: Pak, punapa pirsa wonten rasukan abrit ingkang keli wonten ngriki? amargi kulo
kedah bekto wangsul rasukan menika."
Paman : “Iya cah ayu aku weruh, yen kowe nututi rada cepet, menawa
isih bisa ketemu,"
Putih :"inggih pak, matur nuwun."
Paman : “yaa nduuk… ati ati… muga-muga cepet ketemu…
҉҉҉
Tok tok tok
Putih :"Kulanuwun...!”
Mbah :"Sapa koe nduk?"
Putih :"Kula Bawang Putih mbah. Wau kula madosi rasukan ibu kula ingkang keli. Saniki sampun dalu. Punapa angsal yen kula tilem ngriki?
Mbah : "oleh nduk. Apa klambi sing kok goleki warnane
abang?"
Putih :"Nggih mbah, punapa simbah pirsa?"
Mbah: "Iya. Mau klambine nyanthol ning
ngarep omahku.padahal aku seneng klambi iku, Ya aku bakal mbalekna klambi iku, nanging cah ayu kudu
ngancani simbah seminggu ning kene. wis suwe simbah ora ana kancane,
piye?"
Putih :"nggih mbah, kulo purun ngrencangi simbah seminggu,
punapa mbah mboten bosen kalih kulo,"
(sak wise seminggu)
mbah :"Nduk, wis
seminggu kowe
manggon ning kene. Lan simbah seneng amarga kowe sregep lan ngabekti. Iki, nggawa a bali klambine ibumu. Lan siji maneh, kowe
oleh milih salah siji saka loro waluh iki kanggo
hadiah,"
(milih waluh sing cilik)
Putih :"Kula kuatir
yen mboten kiat mbekta ingkang ageng,"
Mbah: yo wis nek ngono… ati-ati ning dalan...
Putih :nggih, kula pamit riyin mbah…
(tekan omah)
Putih : bu, niki rasukane ingkang keli...
(maringke klambi)
Ibu : (ngrebut kanthi kasar)
(ing dapur)
Putih : (mbuka waluh, banjur kaget amarga jerone
emas) masyaallaah! Apa iya iki mas asli?!
(abang lan ibune mlebu dapur)
Abang : waaaaahhh... iki... iki emaaas??
Ibu : saka ndi kowe oleh waluh iki?
Putih : saking simbah ingkang daleme wonten
pinggir kali. Kula kepanggih nalika madosi rasukan ingkang wucal punika.
Ibu : ooh... nduk, coba kowe mengko mrana, piliha
waluh sing paling gedhe... (ngandani kanthi suwara alon)
Abang : nggih bu!
҉҉҉
(ing daleme simbah)
Abang :"Kulanuwun...!”
Mbah :"Sapa koe nduk?"
Abang :"Kula Bawang Abang mbah. kula madosi rasukan ibu kula ingkang keli. Saniki sampun dalu. Punapa angsal kula tilem ngriki?
Mbah : "oleh nduk. Apa klambi sing kok goleki warnane
abang?"
Abang :"Nggih mbah, punapa simbah pirsa?"
Mbah: "Iya. Nanging sak durunge klambi iku tak balikna cah ayu kudu ngancani simbah seminggu ning kene.
wis suwe simbah ora ana kancane, piye?"
Abang :"nggih mbah, kula
purun ngrencangi simbah”
҉҉҉
Mbah : nduk, isa
njaluk tulung kae latare sapuni...
Abang : halah napa to mbah... aku iki kesel.. pun
simbah mawon sing nyaponi...
Mbah : (geleng-geleng)
҉҉҉
Abang : mbah, sampun seminggu kula ngrencangi
simbah, dados, punapa simbah mboten maringi kula hadiah?
Mbah : iki, milih a salah siji saka loro
waluh iki kanggo hadiah
Abang : (langsung mundhut sing paling gedhe banjur
lunga tanpa pamit)
҉҉҉
(tekan omah)
Abang : IBUUU!!!
Ibu : bawang abang! Kowe wis mantuk nduk... piye?
Oleh waluh e?
Abang : nggih bu... (manggut-manggut kanthi
bungah) kula mundhut sing paling gedhe..
Ibu : bocah pinter! Wis ayo saiki dibuka...
(sawise di buka, kewan-kewan wisanen padha metu
saka waluh, banjur nyokoti bawang abang lan ibune)
Ibu lan bawang abang : AAAAAAAAAAAAAAAA!!!!!!
Bawang putih lan ibune akhire mati
amarga keserakahane. Saka crita iki kita
bisa mundhut pasinaon yen dadi manungsa iku aja serakah,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar